Wacana Deskripsi Omah Joglo


Deskripsi diskursus: jinis wacana sing ditujokake kanggo panampa pesen kanggo mbentuk gambar (imajinasi) babagan bab. Esai iki ngandhut gambaran bab barang supaya bisa maca, ngrungokake, utawa ngrasa. Biasane wacana iki digunakake akeh ing katalog dodolan, lan data polisi.
Ciri deskripsi wacana:

- Gambaran kasebut wis rampung kanthi cetha kanthi pangertèn saka panca indera.

- Ndadekake maca utawa ngrungokake aran kanggo awake dhewe utawa nemu piyambak.

- Ditandhani kanthi nggunakake tembung utawa frase utawa frase sing rinci.

- Nggunakake tembung evaluative banget abstrak.

- Umumake nggunakake tembung adil lan nggambarake soko.

Conto Omah joglo :



    Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah  joglo mung diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih.  Nanging Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.

    Omah iki duweni keunikan yaiku payone kang dhuwur lan duweni soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku duweni payon kang dhuwur kaya gunung.
bagian omah joglo :
  1. Pendapa
  2. Pringgitan.
  3. Dalem.
  4. Senthong tengah
  5. Senthong tengen.
  6. Senthong kiwo
  7. Pawon/Gandok

Pendapa yaiku
pendhapa arupa bagéan ngarep sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo nampatamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggosantai kulawarga.

Tiang (saka) omah joglo
Saka guru wonten 4, ngelambangkake tentang mata angin (lor,wetan, kidul, kulon) Saka pengarak wonten 12.

Pringgitan Yaiku
Panggonane ning mburi pendopo, nempel karo ndalem (omahsing bagian ndalem). Fungsine kanggo nampa tamu.
 
Ndalem yaiku
Ndalem utawa omah njero iku fungsine kanggo ruang keluarga.Ing ndalem iki, wonten 3 senthong utawa kamar. Senthongtengen, senthong tengah, lan senthong kiwo.

Senthong tengen Yaiku
Fungsine kanggo peturon sing nduwe griya.

Senthong Tengah Yaiku
Senthong tengah (Pasren) biasane, panggonan iki fungsinekanggo tempat tidur lan kanggo penyembahan kanggo Dewi Sri utawa dewi kesuburan lan kemakmuran. Lan biasane kanggo nyimpen beras utawa nyimpen palawija.

Senthong Kiwa Yaiku
Fungsine biasane kanggo nampung beras, padi, palawija, lan sakliyane (kacang, kedelai, jagung)

Gandok / pawon Yaiku
Fungsine kanggo kamar kecil utawa kanggo masak ning bagian mburi omah joglo.


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama